MAKALAH BAHASA JAWA “KETOPRAK”
Disusun oleh:
Agil Firmanshah
SMK NEGERI 2 WONOSARI
GUNUNGKIDUL
2012/2013
KATA PENGANTAR
Khanti ngucap syukur ing ngarsaning
Gusti Allah SWT, penyusun saged ngrampungake tugas punika, khanti mboten halangan
satunggalipun.
Matur suwun sanget dhumateng
Bapak/Ibu Pembimbing ingkang sampun membimbing penyusun damel kliping punika.
Kliping punika kangge njangkepi
tugas Bahasa Jawa wonten ing SMK NEGERI 2 WONOSARI ingkang benjeng. Mugi
kliping punika wonten paedahipun dhumateng kita sedaya.
Kliping punika taksih kirang
sempurna amargi wedal ingkang kasesa kalian kirang pangertosipun penyusun.
Pramila penyusun nyuwun pangapunten lan nampi kritik lan saran saking pemaos,
wasono matur nuwun.
Penyusun
DAFTAR ISI
HALAMAN JUDUL........................................................................... .......... i
KATA PENGANTAR........................................................................ .......... ii
DAFTAR ISI........................................................................................ .......... iii
BAB I PENDAHULUAN
A.
Latar Belakang........................................................................... .......... 1
B.
Tujuan......................................................................................... .......... 1
C.
Manfaat...................................................................................... .......... 1
BAB II PEMBAHASAN
A.
Sejarah ...................................................................................... .......... 2
B.
Jinis ............................................................................................ .......... 3
C.
Isi carita................................................................................................ 4
D.
Perangkat pengiring.............................................................................. 5
BAB III PENUTUP
A.
Kesimpulan................................................................... .......... 7
B.
Saran........................................................................................ 7
DAFTAR PUSTAKA........................................................................ .......... 8
LAMPIRAN-LAMPIRAN................................................................ .......... 9
BAB I
PENDAHULUAN
Ingang melatar belakangi penyusunan makalah basa
jawi ingkang judulipun seni ketoprak ingih punika kangge njangkepi tugas saking
guru basa jawi inggih punika padamelan makalah basa jawi
Tujuan padamelan makalah punika inggih punika
·
Njangkepi tugas saking guru basa jawi
·
Kangge latihan ndamel makalah basa jawi
·
Kangge nambah wawasan kita khususipun tentang ketoprak
C. Manfaat
·
Kangge nambah wawasan kita
sedaya
·
Kangge latihan ndamel makalah
BAB II
PEMBAHASAN
Ketoprak
Ketoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa tengah,
ananging ugo bisa tinemu ing Jawa sisih Wetan (Jawa Timur ).Ketoprak wis
nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa tengah lan biso ngasorake kesenian liyane
,umpamane Srandul, Emprak lan sakliyane. Ketoprak wiwit bebukane awujud
dedolanan para priyo ing dusun kang lagi nganaake lelipur sinambi
nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari ,
kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering tembang bebarengan ing kampung /dusun
kanggo lelipur. Sak teruse ana tambahan gendang, terbang lan suling, mula wiwit
saka iku kasebut Ketoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Sak
banjure ana ing tahun 1909 wiwitan dianaake pagelaran Ketoprak kanthi
paripurna/lengkap.
Pagelaran Ketoprak wiwitan kang resmi ing ngarsane masyaraket/umum, yokuwi
Ketoprak Wreksotomo, dipandegani dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh
para pria. Carita kang dipagelarake yoiku : Warso – Warsi, Kendono Gendini,
Darmo – Darmi, dlan sapanunggalane.
Sak wise iku pagelaran Ketoprak sang soyo suwe dadi lan apike lan dadi
klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sak wise
Pagelaran Ketoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan . Anane
gegayutan karo pagelaran “teater” para narapraja ,
A. Sajarah
Kethoprak wiwit bebukané awujud
dedolanan para priya ing dhusun sing lagi
nganaaké lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama
ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembé kaéring tembang bebarengan ing kampung
/dhusun kanggo lelipur. Saterusé ana tambahan kendhang, terbang, lan
suling. Mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira
kadadeyan ing tahun 1887. Banjur ana ing tahun 1909
wiwitan dianakaké pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran Kethoprak wiwitan sing resmi ing ngarepé masyarakat/umum,
yaiku Kethoprak Wreksotomo, dipandhegani dening Ki Wisangkoro, sing mandhegani
kabeh kakung. Carita sing dipagelarake yaiku : Warsa - Warsi, Kendana
Gendini, Darma - Darmi, lan sapanunggalane.
Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan apike uga dadi
klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sawise Pagelaran
Kethoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan.
B. Jinis
Anane gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja,
mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakake mengkene :
·
Kothékan Lesung : awujud
awal mulané Kethoprak lan dadi winih ing tembé mburi dadi pagelaran Kethoprak.
·
Kethoprak Lesung Wiwitan :
wiwitane saka kothekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita ,
panguripané para tani .
·
Kethoprak Lesung :
Amujudaké pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kayata
kendhang, suling, terbang lan lesung. Iki sing bakal dadi laire pagelaran
Kethoprak.
·
Kethoprak Gamelan : Wiwitan
saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' (
Baghdad ).
·
Kethoprak Gamelan
Pendhopo : carita-caritane ngemungake carita Babad,
dipagelarake nganti seprené . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging
wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa (
Pagelarane ana ing 'Pendopo').
·
Kethoprak Panggung : Iki
pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yaiku Kethoprak kang dipagelarake ana
ing panggung kanthi carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga
carita adaptasi saka ing nagari manca ([[Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad
lan sapanunggalane ).
Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah
lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis , uga
kanggone para nayaga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis
dadi panguripan. Tehnik pagelaran lan carita digawé luwih apik lan ditindakake
kanthi teges lan tumemen. Tuladha mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak
"Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana
ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.
C. Isi
carita
Rupa-werna carita pagelaran Kethoprak umpama carita
rakyat, dongeng, babad,
legenda, sejarah lan adaptasi saka nagari manca bisa
uga migunakake swasana Indonesia, tuladhane karya Shakespeare : Pangeran
Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi,
Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana
Sewandana (crita Panji), Ande-ande
lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo.
Carita klangenan masyarakat bisa awujud carita pahlawanan,
paperangan, carita nglempengake kabecikan adate ing pungkasan carita sing
tumindake becik, jujur bakal entuk kamenangan.
Ageman para nayaga pemain dipadakake karo carita kang dipagélarake,
. Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Umpama
Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa
Tengah ( Jogjakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging uga ana ageman kang
awujud simbolis ,umpamane Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun
suci awerni agemmn pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad
agemane kasebut "Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong uga ana gegayutan karo
Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamane
carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.
Uga ana ageman kasebut basahan, yokuwi ageman kejawen ananging
cinampur ing liyan bisa arupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane
nganggo uga jubah). Ageman basahan iki adate ana ing carita Menak utawa carita
para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.
Sing dadi ciri wancine Kethoprak : Carita kanthi para
nayaga/pemain , kaering tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger
kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa mujudake dadi
pangiring adegan, dialog, monolog ( rerasan dewe) utawa dadi narasi.
Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi
swasana carita, swasana dramatik, kang mbedakake adegan siji lan sijine.
D. Perangkat
pengiring
Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone "akting" uga
kudu pinter nyanyi & nari .
Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak.
Senadyan sing dianggo basa Jawa, nanging kudu nganggo
"unggah-ungguh" basa. bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama,
lan Krama inggil.
Saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe
"improvisasi" kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud Dagelan
lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Carita bakune padha
nanging dipagelarake kanthi dagelan. Mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane.
Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora nganggo unggah ungguh
basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe geguyu. Carita lan basa ora nganggo
paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep.
BAB III
PENUTUP
-
Kesimpulan
Kasimpulanipun
inggih punika kasenaian ketoprak menika asenian asli saking tlatah jawi kita
dados tiang enom kedah saged nglestarekaken budaya jawa ingkang kaancem
teknologi-teknologi modern jaman sakniki.
-kritik saran
Penyusunan
makalah punika radi susah soale kedah ngagem basa jawi.,naning kita malah saget
l;atihan bahasa jawi ingkan jawan sakniki sampuntersisihkan.
DAFTAR PUSTAKA
Wikipedia.org/makalah
jawa tentang ketoprak
Google.com/ketoprak
jawa
LAMPIRAN